Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulillahi rabbil alamiin. Wabihinastain. Wa ala ‘umurid dunya waddin. Wassholatu wassalamu ala asyrofil anbiyaa’i walmursalin. Sayyidina wanabiyyina Muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajmain. Amma Ba’du :
Ingkang satuhu kinabekten, Bapak Kepala SMPN 1 Buaran, Panjenenganipun Bapak Daryanto, S.Pd., M.Si.
Ingkang kula mulyakaken, Bapak Ibu Komite SMPN 1 Buaran
Ingkang kula mulyakaken, Bapak/Ibu Guru saha Karyawan Tata Usaha SMPN 1 Buaran
Ingkang kula tresnani, Kanca-kanca kelas IX, ugi adhi-adhi kula kelas VII lan VIII SMPN 1 Buaran.
Sumangga kula dherekaken angaturaken puji sokur wonten ngarsanipun Gusti Allah Swt., ingkang sampun maringi kanikmatan, saengga wonten wekdal menika, kula dalah Panjenengan saged sami makempal, manunggal, saperlu ndherek nyengkuyung wontenipun adicara “Pelepasan Siswa Kelas IX SMPN 1 Buaran”. Mugi-mugi adicara menika lumampah kanthi lancar lan pikantuk ridhanipun Gusti Allah Swt., amiin.
Sholawat saha salam mugya tansah katur konjuk dhateng baginda Rasulallah Muhammad Saw., mugi-mugi kula lan Panjenengan, kulawarga, saha para kanca sami pikantuk syafaatipun mbenjing wonten dinten akhir. Amiin…
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Keparenga kula, M. Mirza Rofiq cumanthaka wonten ngarsa Panjenengan, boten sanes namung minangka talang aturipun para kadang kula kelas IX.
Ingkang sepisanan, kula ngaturaken agenging maturnuwun katur tiyang sepuh kula sakkanca, Para Bapak/Ibu guru. Antawis tigang warsa kapungkur, Panjenengan sami maringaken kathah sanget ngelmu saha patuladhan dhateng kula sakkanca wonten pawiyatan menika. Kanthi sareh lan tlaten, Bapak/Ibu guru nggulawentah kula sakkanca kadya putra-putri kandhung piyambak. Ingkang mekaten Bapak/Ibu, tamtu kula sakkanca tansah ngemut-emut lelabetan Panjenengan sami ngantos sakdangunipun agesang. Kados ngendikanipun Henry Adams “A teacher affects eternity, he can never tell where his influence stops”. Seorang guru memengaruhi keabadian, dia tidak pernah tahu di mana pengaruhnya berhenti”.
Ingkang kaping kalih, maturnuwun ugi kula aturaken dhateng adhi-adhi kula kelas VII lan VIII, ingkang sampun dados kulawarga, dados kanca dhiskusi, lan sesarengan nimba ngelmu wonten pawiyatan menika.
Sedaya kalawau, kula sakkanca kelas IX, boten saged ngaturi menapa-napa, namung ndongakaken “Jazakumullah ahsanal Jaza, Jazakumullahi khairan katsira”, mugya Gusti Allah paring piwales ingkang langkung sae saking amal sae Panjenengan sami.
Bapak/Ibu, sedherek sami, ingkang minulya,
Salajengipun, kula sakkanca nyuwun agunging samodra pangaksami, mliginipun katur Bapak/Ibu guru. Sampun tigang warsa anggen nggulawentah kula sakkanca, tamtu kathah tumindak, atur, solah bawa kula sakkanca ingkang ndamel tatuning penggalih Bapak/Ibu guru. Asring nyrekal, mbantah, nilaraken dhawuh prentah Panjenengan sami. Saestu Bapak/Ibu, saking lebeting manah, kula sakkanca nyuwun dipunparingi pangaksama. Kados pundi kemawon, kula sakkanca boten nate gadhah niyatan awon, kula sakkanca tresna sanget dhateng Panjenengan sami.
Kula sakkanca ugi nyuwun pangapunten dhateng adhi-adhi kula, kelas VII lan VIII. Awit boten saged maringi patuladhan ingkang sae, kadhang kala ndamel “jengkel” adhi-adhi sedaya.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Ing wekdal menika, kula sakkanca nyuwun donga lan pangestu saking Panjenengan sami mugi-mugi ngelmu kula sakkanca sageda manfaat fiddin waddunya wal akhirah. Taksih panjang margi gesang kula sakkanca, nyuwun tansah dipundongakaken amrih pinaringan lancar niyatan-niyatan ingkang sae, pados ngelmu malih wonten panggenan asanes. Lan mugi-mugi kula sakkanca saged nggayuh cita-citaning agesang. Bapak Ibu guru TU, adhi-adhi sedaya mugi-mugi tansah pinaringan sehat, lan sansaya ngrembaka dhateng pawiyatan katresnan, SMPN 1 Buaran.
Bapak Ibu, Sedherek ingkang kinurmatan,
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, sedaya kalepatan nyuwun gunging samodra pangaksami. Akhiru kalam,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
#sesorah
#pidatobasajawa
#bahasajawa